Monday, September 14, 2020

WAWANCARA BAHASA JAWA PANDEMI CORONA

Belajar adalah hal yang sangat menyenangkan, mengapa begitu? Karena dari belajar kita mampu mengetahui hal-hal yang baru dalam pengetahuan kita.

Yuhu selamat malam sahabat Lily... Bagaimana kabarnya? Semoga selalu dalam keadaan sehat ya.... Kali ini aku mau posting tentang pelajaran bahasa jawa bab wawancara (wawanrembug). Semoga bermanfaat

Wawancara bahasa jawa


Wawanrembug bab penyakit virus corona.

Isuk iki aku oleh tugas saking guru bahasa jawa, isine tugas iku anggawe wawanrembug bab penyakit corona. Tugas iki individu ora kelompokan, dadine aku bakal wawanrembug karo tokoh kesehatan seng ono desaku. Iki hasile wawanrembug :

 

Aku : Assalamu'alaikum, bu bidan! 

Bu bidan : Wa'alaikum salam nis

 

Aku : Bu badhe nyuwun wedalipun, kulo badhe wawancara panjenengan bab virus corona seng sakmeniko dados pandemi ing dunia.

 

Bu bidan : oh iyo... Pandemi corona iki wiwitan e soko negoro cino. Ing salah sijine kota ing cino yoiku wuhan ono pasar seng dodolan daging seng ora lumrah di konsumsi menungso koyoto iwak lowo, asu, ulo, bajing lan liya-liyane.

 

Aku : virus corona niku penyebarane pripun bu?

 

Bu bidan : penyebaran virus iku saking sentuhan tangan, mangkane usum virus awak dewe ora oleh salaman. Amergo yen awak dewe salaman otomatis virus iku bakal nemplek ing tangan, opo maneh yen awak dewe  oro jogo keresikan tangan. Iso-iso cepet nular virus iki, rajin wijik iku iso mutus penyebaran virus iki.

 

Aku : Yen saking wijik saget ngilangi virus niki tapi tetep katah seng tertular bu?

 

Bu bidan : ora mung salam wae sing iso dadi penyebaran e kuwi, lewat udara iyo iso. Koyoto pas awake dewe wahing/gebres iku ugo iso nular. Opo maneh yen ruangan e tertutup soyo cepet penyebarane. Mulo iku pemerintah nganjurno awak dewe gawe masker tujuane amrih virus iku ora langsung nemplek ing saluran pernapasan tapi isih nemplek ing masker, mulo awak dewe yen kroso masker mulai kebak kringet kudune ganti. 

 

Aku : terus niku kinging nopo pemerintah nganjuraken sosial distancing, sakbenere sosial distancing niku nopo to bu?

 

Bu bidan : sosial distancing yoiku jogo jarak antarane wong sijine karo liyane, intine wong-wong iku ora oleh kerumunan utowo kumpul-kumpul bareng. Amergo yen enek salah sijine kenek virus corona mulo kabeh seng ono ing gon kumpul iku bakal ketularan virus mau.

 

Aku : Kinten-kinten kapan bu virus niki bakalan musno?

 

Bu bidan : soal virus iki musno kapan durung enek seng ngerti nis, soal e saben dino seng ketularan virus iki soyo nemen. Tur vaksin seng digadang-gadang iso gawe mari iseh di teliti marang badan kesehatan. Yo awak e dewe kudu dungo karo usaha amrih awak dewe iso ngindari ojo sampek tertular virus iki, cara jogo kesehatan lan nerapne protokol kesehatan seng dirintis pemerintah.

 

Aku : Niki pun cekap angen kulo wawanrembug, matur sembah nuwun wedalipun ngeh bu. Kulo badhe nyuwun pamit. Assalamu'alaikum bu

 

Bu bidan : iyo nis podo-podo, mugo-mugo awak dewe iso jogo kesehatan amrih iso terhindar soko virus iki. Waalaikum salam

 

Sak wise aku wawanrembug karo bu bidan, aku banjur bali menyang ngomah. Amergo tugas sekolahku iki kudu cepet-cepet dikumpulne marang pak guru.

 

Demikian sedikit contoh wawancara bahasa jawa yang bisa aku share, semoga bermanfaat. Jaga kesehatan ya 😀😀😀

 

Share:

0 comments:

Post a Comment