Friday, September 16, 2016

PARIBASAN

Pernah gak sih kalian mendengar tentang paribasan? paribasan kalau di Bahasa Indonesia adalah peribahasa. Berikut ini saya akan menuliskan sedikit tentang paribasan (peribahasa). Kalau di sekolah ini adalah pelajaran Bahasa Jawa, kebetulan hari ini murid-murid privat lagi ada pelajaran Bahasa Jawa dari kelas 1 samapi kelas 6.

1. Adigang, adigung, adiguna : ngendelake kekuatane, keluhurane, lan kapinterane.
2. Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwo.
3. Banyu pinerang ora bakal pedhot : pasulayane sedulur ora bakal medhotake paseduluran.
4. Mburu uceng kelangan dheleg : mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gede.
5. Beras wutah arang bali takere : barang kang wes owah ora bakal bali kaya maune.
6. Desa mawa cara, negara mawa tata : saben panggonan nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe.
7. Bathok bolu isi madu : wong asor nanging sugih kapinteran.
8. Eman-eman ora keduman : Karepe eman malah awak e dhewe ora keduman.
9. Gagak nganggo lare merak : wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (gede).
10. Entek ngamek kurang golek : olehe nguneni utawa nyeneni sakatogke.
11. Gajah alingan suket teki : lair lan batine ora padha, mesti bakal ketara.
12. Idu didilat maneh : murungake janji sing wis di ucapake.
13. Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
14. Kacang ora ninggal lanjaran : kabiyasakane anak niru wong tuwane.
15. Maju tatu mundur ajur : parkara kang sarwa pakewuh.
16. Mikul dhuwur mendem jero : bisa njunjung drajate wong tuwo.
17. Ketula-tula ketali : wong kang tansah nandhang sengsara.

Sementara paribasan (peribahasa) yang dapat di uraikan. Semoga bermanfaat.
Share:

0 comments:

Post a Comment