Monday, September 18, 2017

TEKS PRANOTO ADICORO

selamat malam sahabat Lily... malam ini saya akan memposting teks pranoto acoro. semoga bermanfaat



TEKS PRANOTO ADICORO AL BERJANJI



 اَ لسَّلاَ مُ عَلَيْكُمْ وَ رَ حْمَةُ اللهِ وَ بَرَ كَتُهُ
Bismillaahirrorohiim, Alhamdulillahirrobbil ‘Aalamin, wabihi nasta’in ‘alaa umuurid dun’ya wad diin, wassholaatu wassalaamu ‘alaa Asrofil Anbiyaa’i wal mursaliin, Syayyidinaa wa Maulaana Muhammadin wa ‘alaa Aalihi wa Shohbihi ‘Ajma’iin
Qoolal Loohu Ta’aala fi kitaabihil kariim : “Wa maa arsalnaaka illa Rohmatan lil’Alamiin. Shodaqollaahul ‘adzim... ‘Amma Ba’du.
v  Hadirotul Qirom, poro ‘alim ulama’ ingkang tansah kulo to’ati soho kulo mulya’aken,
v  Dumateng Ibu Kepala Desa ingkang kulo hormati,
v  Dumateng Ketua serto pengurus Muslimat lan Fatayat Nahdhatul ‘ulama ingkang kulo hormati,
v  Dumateng poro Ibu Muslimat lan Sahabat Fatayat sedoyo ingkang kulo hormati ugi,
v  Dumateng shohibul bait, ibu...............................sekeluargo ingkang kulo hormati, soho dumateng rencang-rencang remaja, adik-adik ingkang tansah kito tresnani.
Sepindah monggo kito muji syukur dumateng ngerso dalem ALLAH SWT,ingkang tansah paring Rahmat, Taufiq serto Hidayahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal ing majelis meniko kanti kawontenan sehat wal ‘afiat. (Amiin, Allohumma Aamiin).
Kaping kalehipun, sholawat soho salam mugi tetep kahatur dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Kanti pangajab mugi-mugi kito sedoyo dipun akoni minongko umat Nabi, lan mugi-mugi pikantuk syafa’atipun wonten ing dunyo lan mbenjang ing Yaumul Qiyamah.
Poro ibu Muslimat ugi sahabat Fatayat ingkang minulyo, wonten mriki keparengo kulo kadados pranoto acoro  badhe waosaken susunan adicoro ing dalu meniko.
o   Acara kaping setunggal inggih meniko pembukaan
o   Acara ingkang kaping kaleh : waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
o   Acara ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan-sambutan (1. Shohibul bait, 2. Ketua.penggurus Fatayat, 3. Ibu Kades)
o   Acara ingkang kaping sekawan inggih meniko mars Fatayat dilajengaken Sholawat Annadiyah
o   Acara ingkang kaping gansal inggih meniko waosan kitab Al Berjanji



o   Acara ingkang kaping enem inggih meniko penutup dilajengaken do’a
Mekaten susunan adicoro ingkang kulo aturaken, monggo kito bikak kanti waosan ummul kitab sesarengan, mugi-mugi acoro ing dalu puniko tansah dipunparingi lancar tanpo halangan punopo.
(LIRRIDHO ILLAAH, WA LI SYAFA’ATI ROSULILLAH.... SYAI’ULLILLAH LAHUMUL FAATIHAH....)
o  Acara saklajengipun inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an, ingkang badhe dipun waosaken dening sahabat/ibu..........., wekdal karulo aturaken
o  ***********************
Mekaten kolowau waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an, mugi-mugi saget mbeto manfaat lan barokah dumateng ingkang maos, lan panjenengan sedoyo. Amiiiin.....
o  Lumebet acara ingkang saklajengipun , sambutan-sambutan
Sambutan I : sambutan saking sohibul bai, dumateng ibu/sahabat................... kulo sumangga’aken
Sambutan II : sambutan saking ketua/Penggurus Fatayat dumateng ibu/sahabat................... kulo sumangga’aken
o  Acoro sak lajengipun inggih meniko waosan mars Fatayat dilajengaken Sholawat Annadiyah ingkang badhe dipunwaosaken dening jam’iyah sholawat lan dilajengaken waosan kitab Al Berjanji, sahabat-sahabat fatayat dilajengaken Do’a. Dumateng sahabat-sahabat fatayat kulo sumangga’aken
***********************
Mekaten waosan kitab Al Berjanji ugi lantunan sholawat Nabi serto Sholawat Annadiyah, mugio saget mbeto manfaat dumateng kito sedoyo. Amiiin....
Alhamdulillahirobbil ‘aalamiin... acoro soho acoro ing dalu puniko sampun kito lampahi, dene acoro ingkang akhir ingggih puniko penutup. Sakderenge acoro meniko kito akhiri, kulo minongko pembagi wekdal (pranoto adicoro), nyuwun agunge pangapunten menawi wonten klintu lan lepatipun anggen kulo maosaken susunan acoro.

AKHIIRUL KALAM, WABILLAAHI TAUFIQ WAL HIDAYAH, WARRIDHO WA INNAYAH....
WASSALAMU’ALAOKUM WAROHMATULLAAHI WABAROKAATUH






Share:

0 comments:

Post a Comment